> Jalma Mara, Jalma Mati

ISI DUNYO

seeking identity self

20.06

Jalma Mara, Jalma Mati

Diposting oleh KI "Wong Jowo" SEMAR

“Jagat iki ana, ana kang jaga!”
aku isih eling marang kandhamu, tatkalane lemah dadi kawah ing antarane porong-tanggulangin
banjur krasa ana kang gosong ing batin batin panguripku, ngegirisi marang daya lantipku
kaya gosonge areng klapa kang wus ilang wawa kaya jasad kang limpad kelangan nyawa...
awakmu banjur nyuwun, nyadong
marang langit: kaya nyadonge godong
kang wus kawus saka udan lan panas
“duh, kakang kawah, duh adi ari-ari, getih, puser
punjer awakku....”
kabeh krasa bali marang jati, kang kababar ing diri
kaya dununge: pati urip bandan segara lungguh
duh, sampyuh ati lan pikiranku
ing telenge rasa,
aku banjur ndodog anane uni, kang bisa dadi basa
kang netepi janji marang margi kang wus dadi
crita kang kaserat ing lontar-lontar kuno
“ana suluh kang kasebut nuh, kang wus nabuh warta
ing kitab-kitab tuwa.

2 komentar:

jokerlmg mengatakan...

ki terima kasih, kmu telah mengingatkan Q tentang bahasa daerah khususnya jawa, yang pendidikan bahasa daerahnya dihapuskan, saya sangat malu karena saya orang jawa, tak bisa berbahasa jawa dengan baik, dengan adanya posting ini, saya ingin sekali belajar bahasa jawa.

Anonim mengatakan...

Ki, terima kasih , yg ini lebih bagus dari yg dulu, Q bacanya nggak susah, tentang isinya harus Q renungkan dulu, maklum bhs jawa Q sdkt2 mengerti, btw thank's ya....

Posting Komentar

thanks for your visit and do not forget to leave your comments, criticisms and suggestions can also be.